Bal-balan Lan Aku

Dadi ngene. Tim sing takjagoni, ora liya yaiku Manchester United, bar dadi juara. Entuk gelare akeh tenan, lha mung gagal entuk Piala Liga FA (matur nuwun koreksine Mas Arm). Cen top tenan, yo ra? 😀 Nah, pas tim sing takjagoni ning negara liya, yaiku Fiorentina, yo prestasine lumayan. Masiya ora dadi juara, aranku entuk ranking 4 wis apik lah nggo tim sing pas taun 2001 kepungkur degradasi ning Seri C2 amarga bangkrut. Apa meneh iki kaceke karo Juventus tinggal siji, dadi sih ono kemungkinan finish ning posisi 3 lan langsung ning level grup ning Liga Champions musim ngarep (tur bar iki musuhe yo angel e, AC Milan 😦 ).

Ning ngene masalahe. Aku suwe-suwe mikir nek pas tim sing takjagoni menang, aku ki sakjane ora urun apa-apa. Aku yo ora komanan apa-apa. Dhuwit ora, gelar yo ora. Sedhulur, kanca ning kono yo ra ana. Dadi yo…aku ngrasa ra perlu kudu terlalu fanatik karo tim tertentu.

Dadi ngene. Nek aku sih, nek kono menang aku melu seneng (dengan alasan yang tidak masuk akal tentunya, tapi kan ora kabeh-kabeh babagan ning donya iki isa diukur nganggo nalar / rasio, yo ra Mas Gentole? 😀 ). Tur nek kono kalah yo wis aku biasa wae. Paling gur misuh-misuh sedhilit njuk wis. La wong aku ora kelangan apa-apa. 😛

Dadi nggo pendukung Liverpool kaya Mas Joe lan Mas Arm, utawa pendukung Chelski eh Chelsea kaya Mas Jensen (isa Basa Jawa ra yo 😛 ), yo ora sah terlalu lara ati lah. Isih ana musim ngarep, lan sakjane awake dhewe ki yo ora komanan apa-apa 😛 . Patah hati ki luwih lara! Tenanan!

Wis ah. Kudune saiki aku nyetrika.

27 Responses to “Bal-balan Lan Aku”


  1. 1 Betang 18/05/2009 at 12:29 AM

    Jebule aku kalah tus-ket meneh. 👿

    *mangan indomie*

    [ini gunawanrudy]

  2. 2 Arm 18/05/2009 at 1:11 AM

    kodok mbantul!! primordial itu sekali-kali perlu 😆

    Entuk gelare akeh tenan, lha mung gagal entuk Piala Liga.

    piala FA ugi luput, mas 🙂

    Dadi yo…aku ngrasa ra perlu kudu terlalu fanatik karo tim tertentu.

    sanes fanatik mas, nanging mung rasa tresna 😎
    saben tiyang butuh obyek ngge ditresnani 😎

    Tur nek kono kalah yo wis aku biasa wae. Paling gur misuh-misuh sedhilit njuk wis. La wong aku ora kelangan apa-apa. 😛

    lha.. kulo ugi mung misuh2, tur biasane langkung suwi 😛

    yo ora sah terlalu lara ati lah. Isih ana musim ngarep, lan sakjane awake dhewe ki yo ora komanan apa-apa 😛 . Patah hati ki luwih lara! Tenanan!

    menawi sampun tresna, mestine wonten rasa lara menawi jodoh (piala) mboten kesampean..
    sa’rampungipun misuh2 sekitar 2-3 dinten (plus mboten maos/nonton warta olahraga sewulan), mustine nggih balik kados biasanipun lan tetep ngarep kangge musim ngajeng 😎
    btw, onten pengalaman patah hati? (thinking) 🙄

    ..
    ..
    bweh.. keju tenan nulis kromo, dasar jawa murtad 😆

  3. 4 dnial 18/05/2009 at 8:02 AM

    class myfirstjavaprog
    {
    public static void main(String args[])
    {
    System.out.println(“Hello World!”);
    }
    }

    Java pisan tho… iki boso Jawa modern. 😛

  4. 5 Disc-Co 18/05/2009 at 12:23 PM

    Saya butuh subtitle Bahasa Indonesa. Ada yang bisa menyediakannya? 😆

  5. 6 S™J 18/05/2009 at 1:16 PM

    sarujuk. menawa juwara sing entuk duite ya wong liya. ora duwe kanca saka kana, dudu wong kana, ora ana gandhengane babar blas. hamung dadi pangsa pasar wae, bene tuku kaos asli sing regane ngaudubillah. kanggo nguripi pemain sing gajine sak hohah. yen aku mung seneng nontone wae, ora urusan sing endi sing menang utawa kalah. mungkin beda maneh menawa ana sawijining pemain saka negarane awake dhewe…. *sluman slumun slamet* 😎

  6. 8 jensen99 18/05/2009 at 10:33 PM

    Mas Jensen (isa Basa Jawa ra yo 😛 )

    Mboten ngertos!! 😆

    Dasar! Mental golput-nya di politik jadi kebawa-bawa di sepakbola! 👿
    Bertobatlah, djo!!!

    Dadi yo…aku ngrasa ra perlu kudu terlalu fanatik karo tim tertentu.

    Hoo.. salah besar! Siapa bilang tingkat kefanatikan mesti berbanding lurus dengan tingkat kontribusi? 😛
    Menjadi supporter itu masalah hati dan identitas diri, apakah yang disupport bisa menikmati dukungan tersebut atau tidak itu urusan lain. 😎

    yo ora sah terlalu lara ati lah. Isih ana musim ngarep, lan sakjane awake dhewe ki yo ora komanan apa-apa 😛 Patah hati ki luwih lara! Tenanan!

    Wah, ra iso ngono! Menang=senang; Juara=bahagia! Itu namanya ikatan batin. Memang selalu ada musim depan di sepakbola, hanya saja musim depan itu artinya tahun depan! 👿

    @ S™J

    […] hamung dadi pangsa pasar wae, […] kanggo nguripi pemain sing gajine sak hohah […]

    THIS!

  7. 9 Ando-kun 19/05/2009 at 12:14 AM

    Apa meneh iki kaceke karo Juventus tinggal siji, dadi sih ono kemungkinan finish ning posisi 3 lan langsung ning level grup ning Liga Champions musim ngarep (tur bar iki musuhe yo angel e, AC Milan 😦 ).

    Mun nak ngerapik ngelakar main bula, kuang be aku di ajak.
    Minggak detulis nok ke duak kan ketige dak gilak berege, mane neh juare inter milan.

    Patah hati ki luwih lara! Tenanan!

    usa gilak keliwatan, mun mikak kan kempunan kan EPL.

  8. 10 lambrtz 19/05/2009 at 12:15 AM

    @Betang
    Nha nek kaya ngono lagi ana alesan nggo muring2 :mrgreen:

    @Arm

    piala FA ugi luput, mas

    Oiya, kleru 😆
    OK, sampun kula koreksi, matur nuwun 😉

    saben tiyang butuh obyek ngge ditresnani

    Alesanipun punapa kangmas kok nresnani Liverpool? 😀

    lha.. kulo ugi mung misuh2, tur biasane langkung suwi

    😆

    btw, onten pengalaman patah hati? (thinking)

    Nggih wonten lah 😛

    @frozen
    Mbok sampeyan ngaca dhisik Mas, isa gawe postingan nganggo Basa Jawa lan Sunda kok ndadak kaget 😐

    @dnial
    exit(1);
    /* C rules! */

    @Disc-Co
    Ada yang mau ngasih? 😀

    @S™J
    Sakjane nek dipikir-pikir nggih ngaten niku kangmas, ning nggih kados kula tulis ning postingan, ora kabeh-kabeh isa dinalar. Kula kemawon nggih bingung, asal mulane njagokke Man Utd niku kados napa. 😛

    mungkin beda maneh menawa ana sawijining pemain saka negarane awake dhewe

    Menawi Markus Horison pindah ning Real Madrid kula nggih bakal njagokke klub nyebahi niku :mrgreen:

    BTW sak hohah ki sakpinten to mas? 😕

    @joesatch yang legendaris
    Waduh ditekani bonek. Sabar mas, damai damai, peeeaaaceeee… v^^

    @jensen99

    Dasar! Mental golput-nya di politik jadi kebawa-bawa di sepakbola! 👿

    😆

    Menjadi supporter itu masalah hati dan identitas diri, apakah yang disupport bisa menikmati dukungan tersebut atau tidak itu urusan lain.

    Terus barang konkret apa yang yang kita dapatkan, selain kegembiraan atas kemenangan mereka? Dan, apa yang menyebabkan kita memiliki keterikatan secara emosional? 😛
    *suporter yang buruk* x(

    Memang selalu ada musim depan di sepakbola, hanya saja musim depan itu artinya tahun depan!

    Wah argumen terpatahkan 😆

  9. 11 lambrtz 19/05/2009 at 12:21 AM

    @Ando-kun
    Aeeeeh… = =a
    *jawaban dipending sampai nemu orang yang ngerti*

  10. 12 Kgeddoe 19/05/2009 at 12:23 AM

    Ah, tak paham dengan apa yang dibicarakan. Forza I Gigliati sajalah!

  11. 13 lambrtz 19/05/2009 at 12:27 AM

    ^
    Forza I Gigliati, geser Nyonya Tua, bantai klub panti jompo!

  12. 14 Arm 19/05/2009 at 12:54 AM

    Alesanipun punapa kangmas kok nresnani Liverpool?

    semboyan “sampeyan mboten bakal mlampah piyambakan” sampun cekap kangge kulo supados nresnani tim saking kali Mersey 😎
    lan ketambahan alasan2 mboten logis liyane :mrgreen:

  13. 15 Kgeddoe 19/05/2009 at 1:15 AM

    Bantai klub panti jompo!

    BTW, vektor murahan Gigliati yang Saudara pakai itu bikinan saya.

  14. 16 Wandi thok 19/05/2009 at 9:29 AM

    Dadi ngene mas. Terlalu fanatik maraki gelo ati mas.
    Dadi ngene, apike dadi aliran tengah wae. Ora bakal geduwung. 😀

  15. 17 S™J 19/05/2009 at 12:52 PM

    BTW sak hohah ki sakpinten to mas?

    duwit sak hohah tegese angkane gawe mangap-mangap kae… hohah.. :mrgreen:

  16. 18 Generasi Patah Hati 19/05/2009 at 3:50 PM

    Hidup MU! Pada baen Mas, inyong ya dukung MU. Tapi klub Italine inyong dukung Inter . Wah sampeyan pada karo Sang Kopral ya dukung la Viola.
    Bener Mas, inyong ya ora fanatik, nonton bal2an ya mung kanggo hiburan. Nang NTU pada gila bola ora Mas?

  17. 19 grace 19/05/2009 at 6:28 PM

    kok saya reflek mbacanya pake logat ngapak-ngapak ya?
    *kebiasaan denger ngapak-ngapak*
    ini emang jawa ngapak-ngapak bukan sih?

  18. 20 jensen99 19/05/2009 at 6:45 PM

    Terus barang konkret apa yang yang kita dapatkan, selain kegembiraan atas kemenangan mereka?

    “Gembira” saja cukup kok.

    Dan, apa yang menyebabkan kita memiliki keterikatan secara emosional?

    Football is religion!

  19. 21 lambrtz 19/05/2009 at 9:47 PM

    @Arm
    Nggih :mrgreen:

    @Kgeddoe
    😯 m(_ _)m

    @Wandi thok
    Dadi ngene ae mas, ra sah nonton :mrgreen:

    @S™J
    😆

    @Generasi Patah Hati

    Bener Mas, inyong ya ora fanatik, nonton bal2an ya mung kanggo hiburan.

    Fanatik yo rapopo kok, asal nek klub jagoane kalah aja dibanting TVne :mrgreen:

    Nang NTU pada gila bola ora Mas?

    Sing ra seneng bal-balan kan mung USA 😛

    @grace
    Bukanlah, logat Jogja 😕

    @jensen99
    OK OK :mrgreen:

  20. 22 Kayas 20/05/2009 at 6:38 PM

    ya ampyun 😮
    😯

    aseli ga ngerti sama sekali !
    kecuali bhw ini mungkin ttg bola

  21. 23 Rukia 20/05/2009 at 8:18 PM

    logat jogja aneh tenan, akeh “k” e, dadose kule ngawise “kak-kak” inggilipun

  22. 24 Sukma 22/05/2009 at 11:01 AM

    *Kena ruming saya*

    BtW, saya cuma ngerti Manchester United, AC Milan, and Chelsea :mrgreen:

  23. 25 lambrtz 22/05/2009 at 10:59 PM

    @Kayas
    Yoi sepakbola 😀

    @Rukia
    Maksude? 😕

    @Sukma
    Perkenalken, Fiorentina 😎

  24. 26 electricians swindon 14/12/2018 at 9:36 AM

    If үoᥙ wɑnt to takе a ɡood deal from thiѕ post
    then уou have tο apply such methods to your won web site.


  1. 1 Of A Fanatical Football Fan « lambrtz's Blog Trackback on 08/04/2010 at 7:49 AM

Leave a comment




lambrtz looks like this

Me

You can write comments in any language that you want, but please bear in mind that I only understand 4 languages: English, Indonesian, Javanese and Malay.

Archives

Categories

May 2009
S M T W T F S
 12
3456789
10111213141516
17181920212223
24252627282930
31  
Click to view my Personality Profile page